Indonesian Version
English Version
Isinipun Website Situs

Sekilas Lintas Kabupaten Wonogiri


SUKSES kapilih minangka motto saha semboyan mbangun Wonogiri. SUKSES boten kemawon minangka semboyan utawi slogan, nanging anggadhahi pangertosan dimensional. Sebagiyan minangka semboyan nanging bagiyan sanesipun mengku pikajeng minangka pancadan supados gegayuhan saged kasembadan, sarta anggadhahi pangertosan minangka fungsi dhasar manajemen kempimpinan. Konsep ingkang dipun damel lumantar rumusan SUKSES boten namung kados konsep kepejuangan supados mimpangaken paperangan kados dene lampahanipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Mangkunegara ingkang jumeneng kapisan [ Pangeran Sambernyawa ] ing Abad 18 Awal. Nanging hakekatipun mengku pikajeng dados rumusan manajemen kangge anggayuh mbangun Kitha Wonogiri saged kasembadan. Kados dene saged dipun prangguli ing salebetipun data sejarah, Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Mangkunegara I { Pangeran Sambernyawa } nalika nyepeng pamarintah, damel pepricen bilih sifat  [ karakter ] masyarakat Wonogiri kaperang dados gangsal, inggih punika  :

  • Laladhan Nglaroh [ laladhan Wonogiri perangan lor kalebet laladhan Kecamatan Selogiri ]. Anggadhahi  sifat ¡§ BANDOL NGROMPOL ¡§, tegesipun sifat masyarakat ing Nglaroh punika umumipun kiyat rohani lan jasmani, anggadhahi sifat nggrombol. Sifat punika yekti langkung trep sarta saestu cocog lan jumbuh anggenipun mbangun ¡§ kesatuan ¡§ tuwin ¡§ persatuan ¡§. Tiyang ¡V tiyang punika anggadhahi sifat kuwantun, remen padudon, asring damel crah. Sinaosa makaten, menawi saged ngginakaken potensi masyarakat Nglaroh punika, saged dados pancadan kekiyatan dhasar ingkang langkung sae tumrap ¡§ perjuangan ¡§.
  • Laladhan Sembuyan. Laladhan Wonogiri perangan kidul, ing laladhan punika sampun kerem wonten ing dhasar waduk Gajah Mungkur. Masyarakat Sembuyan punika anggadhahi sifat kados dene ¡§ KUTHUK KALUNG KENDHO ¡§, inggih punika sifat nurut, gampil dipun perintah pimpinan utawi masyarakat PATERNALISTIK. Perlu kawuningan, nalika pemerintah Orde Baru mbangun waduk Gajah Mungkur ingkang jembaripun kirang langkung 8.800 hektar dadosaken 51 dusun wonten ing 7 laladhan Kecamatan kerem, salajengipun kedah mindahaken 60.000 jiwa warga, boten nyumerepi alangan menapa kemawon.
  • Laladhan Wiroko, laladhan punika anglimputi kali Wiroko lan sakiwa tengenipun utawi wonten ing perangan tenggara laladhan Kabupaten Wonogiri utawi tepatipun ing laladhan Kecamatan Tirtomoyo dhalah sakiwa tengenipun. Masyarakat punika nggadhahi karakter kados dene ¡§KETHEK SERANGGON ¡§. Prasasat minangka wanara , remen ngrombol, anggadhahi sifat boten gampil dipun pernahaken, gampil cuwa lan radi longgar bab subasita. Tiyang mastani anggadhahi sifat masyarakat ingkang gampil-gampil susah.
  • Laladhan Keduwang, laladhan punika mlebet Wonogiri perangan wetan. Karakter masyarakatipun prasasat kados dene ¡§ LEMAH BANG GINEBLEGAN ¡¥. Kados dene siti ingkang saged dados kempel menawi dipun tepuk-tepuk. Masyarakat punika remen ngumbar kanepson, boros lan boten gampil dipun perintah. Sinaosa makaten, kangge pemimpin ingkang saged nyumerepi kaliyan karakteristik punika tiyang wau, prasasat saged nepuk-nepuk minangka sifat siti. Sejatosipun masyarakat punika saged dipun arahaken kangge tujuwan positif.
  • Laladhan Honggobayan. Anglimputi laladhan Wonogiri perangan lor, ingkang saperangan antawisipun samenika sampun mlebet laladhan Kabupaten Karanganyar. Masyarakat Honggobayan nggadhahi sifat minangka ¡§ ASU GALAK ORA NYATHEK ¡§. Prasasat  sona galak nanging boten nyokot, saged dipun prangguli ing reh cak-cakaning basanipun, masyarakat Honggobayan pancen kasar lan mujudaken sifat adigung adigang, prasasat ketingalipun ngajrihi. Sinaosa makaten, sejatosipun tiyang punika sae atinipun. Perintah punapa kemawon saking pimpinanippun salajengipun enggal-enggal dipun ayahi langkung sae.
Gangsal karakter [ sifat ] punika sampun nate dados pambukanign warana sejarah kala semanten, ingkang dipun identifikasi langsung saking medan perjuangan Raden Mas Said [ Pangeran Sambernyawa ]. Panjenenganipun pirsa potensi masyarakat dhalah sedaya sifat tuwin karakter budayanipun, kedah dippun paring kawigatosan kangge nyusun strategi  kepejuangan, anggenipun badhe dadosaken dhasar rumusan kaliyan acuan ambudidaya gegayuhan sukses saged kasembadan.

Griwo [ Sugriwo Wonogiri ]

Alamat : Jl. Kepodang IV, Sukorejo, Giritirto, Wonogiri - Jawa Tengah - Indonesia