MANGAYUBAGYA

Kawontenan satunggaling situs pribadi tiyang tedhakan jawi ingkang sejati punika mangrupi pangiloning raos tresna Griwo [ Sugriwo Wonogiri ] minangka tiyang jawi [ Wonogiri ] dhumateng budayanipun. Website pribadi punika kababar kawedalaken kagelar ing jagading maya versi basa jawa krama. Awit saking punika, sedaya teks dipun ewah  ngginakaken basa jawa dipun ajab yekti langkung trep sarta cocog kaliyan tujuwaning website situs pribadi punika, minangka pangejawantahanipun prentuling gagasan tumut memetri adiluhungin kabudayan jawi warisanipun para leluhur.

Ewah-ewahan sawatawis, namung bab basa tuwin ukara murih sae lan cethanipun gampil kawaos lan kasuraos dening ngakathah. Panyeratipun anut ejaan enggal ingkang kalumrah ing samangke. Sedaya wau minangka pasumbang badhe nglestantunaken ngrembakaning basa jawi.

Ing wasana kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng sedherek Abdyan Hidayat ing Lembaga Bahasa Lembaga Indonesia Amerika utawi LB LIA Yogya [ Daerah Istimewa Yogyakarta ] sampun tumut awigatosaken lampahing budidaya ambabar website situs pribadi ing internet. Kula ngakeni bilih situs punika dereng sampurno. Awit saking punika kula tansah budidaya ngrembakaken situs punika sawatawis. Pramila kula ajeng-ajeng saran tetimbangan saking panjenengan saha nyuwun pangestu tuwin pandonga sageda nindakaken ayahan wau kanthi sae lan wilujeng.

Home | Purwakaning Atur | Main Page