English Version > Indonesian Version 
griwo guide

Last Update : 03 Juni 2005PROLOGUE

“ INTRODUCTORY WORDS ”
- Griwo [ Sugriwo Wonogiri ]

It serves myself right that as javanese have to perpetuate javanese language [basa jawi ] and javanese culture [ kabudayan jawi ]. In all candor, I must say that  I don't intend to  make a show of myself as an expert javanese. On the contrary, this  is a troublesome problem as for me. The trouble was largely due to I seldom if ever to make use of " krama " dialect [ in general the dialect of javanese language is divided into two levels that are  "krama" dialect and " ngoko " dialect ] because I am more often than not to speak " ngoko " dialect. I conscious that the javanese language is of transcendent importance language and should be learned to all javanese people. I dedicate of personal website [ website pribadi ] at the world wide web through the media of international network as embodiment extremely interested  in javanese culture [ budaya jawi ]. I difficulties innumerable, when I write this words in javanese. I cudgeled my brains trying to puzzle out in order that my words were well put. I was hopeful of this a simple  series of words  in javanese version can be harmony with Indonesian. Finally, I feel necessarily  to explain that document at this website doesn't intended for a legal document .

 

SIMPLE PROLOGUE

Website Pribadi - Situs Pribadi  Griwo [ Sugriwo Wonogiri ] in Javanese Version

Kabudayan jawi punika sakalangkung jembar wiyar tebanipun. Prasasat anglimputi sagungin gesang lahir batosipun tiyang jawi wiwit jaman leluhur kadosdene saged dipun prangguli ing data sejarah ingkang kawrat ing dalem buku-buku jawi gagrak lami, arupi isi wohing pamikir ing bab gesang tuwin panggesangan ulah karahayon sarta sumbang sih tumrap raos pangraos kamangnusan anggayuh kasampurnaning kawekasan



Ajining diri saka tatakrama.
Harga diri seseorang ditentukan pada ucapan dan perbuatan.
Politeness is the hallmark of a gentleman.

ATUR PAMBAGYA WILUJENG

Kanthi berkah nugrahaning Gusti ingkang Maha Kuwaos, kula kumawantun atur pasugatan situs pribadi wonten ing jagading maya lumantar international network   [ internet ]. Ngaturaken sugeng rawuh kagem panjenengan ingkang sampun nuweni website pribadi menika. Mugi-mugi panjenengan dipun paringi berkah wilujeng saha angutamakaken gotong royong lan saged rukun anggenipun nglestantunaken bebrayan ingkang salaras, ayem tentrem, tanpa wonten pasulayan.

Website pribadi punika asesirah ~ WEBSITE SITUS KHASANAH BUDAYA ~ dening Griwo || in Javanese Version kababar kawedalaken kagelar ing madyaning bebrayan. Pamrihipun, lajeng saged kawaos lan kasuraos dening ngakathah. Kula ngrumaosi babar pisan boten paham punapa dene ahli basa jawa, namung awit saking adrenging manah kepingin urun-urun sawatawis, ing pangajab murih lestantun ngrembakaning basa jawi lan badhe tumut nguri-uri kabudayan jawi ingkang adi luhung. Perlu kawuningan, situs pribadi menika dipun jumbuhaken kaliyan teknologi informasi [ information technology system access international network ] mengku pikajeng saged nyaosi sesuluh keterangan kagem masyarakat tedhakan jawi rinengga ing rerangkening tembung basa jawi krama.

Mugi-mugi website situs khasanah budaya jawi ingkang prasaja punika saged dados talang, margining ilen-ilen "Toya wening" saking sumberipun, ingkang tundhonipun saged gumarojog dados garojogan ingkang gampil tinadhahan sarta lajeng kenging dipun angsu dening sintena kemawon ingkang kapareng ing karsa, sumedya migunakaken kawigatenipun.